Wayah Surup




Nalika wayah sore
Aku mlaku-mlaku menyang sawah
Angin semribit
Kahanan katon endah, kanthi ijo royo-royone pari kang mobat-mabit
Kukila kang padha cruwat-cruwit
Langit katon abang kang kacampuran kuning
Ing nala tansah krasa ayem lan tentrem
Anamung bisa mesem,
Kalawan ngucap syukur
Nyekseni ka-Agungane Gusti
Ingkang sampun nyiptaake kahanan endah ing wayah surup
Surya sangsaya angslup
Alon-alon banjur pungkasan ilang
Angin uga sangsaya adhem ngrasuk ing balung
Banjur aku bali
Ing sisih purwa wus katon candra kang lekas jumedhul
Candra kang bakal ganteni surya ing wayah wengi
Madhangi jagad ing alam bumi
Dening : Wahyu Sulistiyaningsih

Komentar