Postingan

Menampilkan postingan dengan label geguritan

Kula Tresna Ibu

Gambar
Ibu . . . Sliramu kadya candra kang suminar ing tengah wengi Madhangi kahanan peteng kanthi cahyamu Ibu . . . Sliramu kadi lintang gumintang ing plataran langit Kang agawe endah bumi rikala wengi Ibu . . . Sliramu lir surya kang tasih jumedhul ing sisih purwa Gawa kawontenan anget marang putra Esemu kaya dene eseme widadari kang katon ayu, Ibu Ibu . . . Katresnanmu sejati marang putra-putramu Sanadyan putramu asring nglarani penggalihmu Kesabaranmu kang ageng satuhu Anganti sliramu nora tega netesake eluh ing sangarepe putramu Ibu . . . Putra anamung saged nyuwun pangapura Awit saking sampun asring agawe kuciwa Mugi Gusti tansah paring kasarasan dhumateng Ibu Mugi Ibu tansah pinaringan kabahagian sejati dening Gusti Ibu . . . Anamung setunggal ukara kang kula badhe matur “ Kula tresna Ibu” Dening : Wahyu Sulistiyaningsih

Wayah Surup

Gambar
Nalika wayah sore Aku mlaku-mlaku menyang sawah Angin semribit Kahanan katon endah, kanthi ijo royo-royone pari kang mobat-mabit Kukila kang padha cruwat-cruwit Langit katon abang kang kacampuran kuning Ing nala tansah krasa ayem lan tentrem Anamung bisa mesem, Kalawan ngucap syukur Nyekseni ka-Agungane Gusti Ingkang sampun nyiptaake kahanan endah ing wayah surup Surya sangsaya angslup Alon-alon banjur pungkasan ilang Angin uga sangsaya adhem ngrasuk ing balung Banjur aku bali Ing sisih purwa wus katon candra kang lekas jumedhul Candra kang bakal ganteni surya ing wayah wengi Madhangi jagad ing alam bumi Dening : Wahyu Sulistiyaningsih

Tuladha Geguritan

Ibu Ibu . . . Sliramu kadya candra yang suminar ing tengah wengi Madhangi kahanan peteng kanthi cahyamu Ibu . . . Sliramu kadi lintang gumintang ing plataran langit Kang agawe endah bumi rikala wengi Ibu . . . Sliramu lir surya kang tasih jumedhul ing sisih purwa Gawa kawontenan anget marang putra Esemu kaya dene eseme widadari kang katon ayu, Ibu Ibu . . . Katresnanmu sejati marang putra-putramu Sanadyan putramu asring nglarani penggalihmu Kesabaranmu kang ageng satuhu Anganti sliramu nora tega netesake eluh ing sangarepe putramu Ibu . . . Putra anamung saged nyuwun pangapura Awit saking sampun asring agawe kuciwa Mugi Gusti tansah paring kasarasan dhumateng Ibu Mugi Ibu tansah pinaringan kabahagian sejati dening Gusti Ibu . . . Anamung setunggal ukara kang kula badhe matur “Kula tresna Ibu” Dening : Wahyu Sulistiyaningsih

Pengen Ketemu

Gambar
Ati krasa seneng nalika mikir sliramu,,, Bayang awakmu saya gawe kangene atiku,,, Ing rina sliramu tansah mbeda ing pikirku,,, Wayah wengi marai ora bisa turu,,, Duh sliramu kang dadi pepujaning ati,,, Apa sliramu ngerti sing ana jero ati iki,,, Apa sliramu krasa gedhene kangenku,,, Siji panyuwunku cah bagus,,,aku pengen ketemu,,,

Murid Jaman Saiki

Apa tah sejatine guru iku? Jare guru iku digugu lan ditiru Ananging kena apa kok ana guru lagi mulang Murid-murid padha ora gelem gatekne Ana kang crita dhewe karo kancane Ana kang malah turu Ana kang sms’an Lan ana uga kang saiki jamane lagi pesbuk’an (facebook) Jare sekolah bayare larang Kepengen pinter amrih mulya uripe Ananging pepingine kok ora jumbuh karo prihatine Oalah murid jaman saiki Sing dipengen anamung seneng -seneng Beji apik lan isa oleh pagaweyan mapan Apa ya ana wong mulya tanpa rekasa?