Seni Pagelaran Jawa

A. Teges Seni Pagelaran

        Kang diarani seni pagelaran tradhisional yaiku sawijining pagelaran utawa tontonan khas kang asale saka tlatah tertemtu uga biyasane nggunakake basa kang khas saka tlatah asal kasebut. Ujude pagelaran bisa arupa karawitan, kethopak, tari, lsp.

B. Jinis Seni Pagelaran

            Seni pagelaran bisa awujud maneka warna jinis, antarane ana kang ujude wayang, ana kang ujude tarian, ujud musik, lan teater drama. Saben jinis kasebut uga isih kaperang jinis liyane meneh, kayata wayang ana kang jinise wayang kulit, golek, wayang wong, lsp. Lajeng kang ujude tarian ana tari gambyong, tari merak, tari jaipong, lsp. lan isih akeh maneh jinis liyane.

            Minangka wong Jawa kudu ngerteni bilih seni pagelaran dadi sawijining asil budaya kang kudu dilestarekake, aja nganti diakoni dening negara liya kaya dene lagu daerah kang wis nate kadadeyan. 

C. Tuladha Seni Pagelaran Jawa

            Ing ngisor ana saperangan tuladha seni pagelaran tradhisonal Jawa, yaiku :

1. Jathilan



2. Gambyong



3. Karawitan



4. Bondan



5. Kethoprak



6. Wayang



7. Begalan



8. Angguk



9. Rengkong



10. Tayuban




D. Tuladha Seni Pagelaran Jawa SMA Negeri 2 Boyolali
     Tari Merak

     Buto Gedruk


Komentar